Free file sharing

   
 

 


Remove Ads


Free Sign Up >>

Aremaniapolis
Aremaniapolis
Joined: 1 year ago
Files: 675
Folders: 0
Downloads: 7844

MERDEKA BUNG !!!

 

Hello REK,

Ayas 'nggabung nang forum iki, amarga Ayas pingin berbagi informasi kesenian, terutama musik, kanggo nawak nawak-ku sing aseli AREMA !!!

 

iki ngono ayas aseli AREMA, lulusan BHAWIKARSU, sing terdampar ndik Negeri Congkak; nang pelatarane Pak Lik SAM kene.

 

Ayas iki wong-e REMEN tenan karo musik, tapi dasar-e ngono Ayas iki ndik Seni Rupa, Namun... Ayas yaa seneng ber-TEATER, Sastra, lan seni multi media.

Ya' apa Rek...

Ayo padha - padha be-bagi lagu lagu sing kaneh kaneh...

 

Sejatine ngono Seni iku kudune tanpa wates... Ora isa di Kothak Kothak-ne.. Di petak petak kaya' sawah...

Polane Ayas yaa midangetaken music mulai Bokonge Inul sing Tahes nganti Brengos-e Alm. Frank Zappa sing Kuandhel iku.!!!

Dadi Koleksiku Mulai Narto Sabdo; Waljinah nganti Phillip Glass lan Boban Markovic music Gipsy saka daratan Balkan iku...

terus sapa sing gak seneng karo muisc saka tanah tandus AFRIKA..???

Alm. Ali Farka Toure memukau Dunia karo lenting BLUES-e sing saka MALI iku...

Sing tak suntik-na nang kupingku yaa aneka rupa music...Terutama music manca negara, sing ngakar karo warna budaya mereka.

Ayas yaa kangen tentang music-e JARAN KEPANG sing Progressive iku, bahkan isa tak arani ASELI MUSIC METAL JAWA, Speed tempo-ne lan pekak tetabuhane > Kok yaa ora ana sing nggarap hal iku kanggo warna dasar music-e yaa...? (sa' enggak-e Ayas durung tumon Rek ! )

insya'allah Ayas yaa bakal "Sharing" lagu lagu saka karyane para musisi/artists sing independen. Sing jarang (gak ana') ndik Pasar Industri Musik, harapanku supaya bisa gawe referensi Nawak - nawak kabeh. terutama sing musisi.

The world will stop turning without music !!!

Ayas yaa pingin ngabarno (mungkin suatu hari bakal lewat Video ), tentang kegiatan para "sanemun" terutama sing ndik Minneapolis kene.

tentang ya' apa kegiatan kesenian ndik kene, tentang paguyuban Komunitas Seni-ne...

Seniman seniman ndik kene iki justru luwih nJAWAni, gotong royong mereka sungguh amat mengagumkan.

Tuwa - Enom sampek sing 'Nak -Kanak, saling bahu membahu... pola sedulurane "JAWA" tenan...

 

Kabeh Guyup Rukun ga' ana Iren iren-an, lan Bendheng Cueng...

Ga' kaya' seniman seniman DKM, sing isine mung eyel - eyelan THOK !!!

Ganti Formatur yaa ganti sapa sing ndominasi peluang berkesenian...!!!

 

Lha, falsafah Jawa kan mustine yaa kudune ngugemi sikap Gotong - Royong kaya' ngono iku...

 

Gak usah ngomong sing muluk muluk so'al ideology lan Nasionalisme...

lha wong gotong - royong ae wis gak mumpuni...

ya' apa katene ngomong Persatuan...!?!?!

Sumpah Pemuda mung dadi Legenda... Rhyme lan dongeng Nina bobo' masa 'Nak - Kanak.

aja' gampang di PLOKOTHO karo Politikus !!!

Aja Gampang diombang ambing karo DOCTRINE lan DEMAGOG !!!

 

MERDEKA BUNG !!!

 

Sugeng midangetaken

 

PEACE,

AREMANIAPOLIS

 

 



Name: AREMANIAPOLIS
Age: 64
Country: United States United States


My Cool Stuff

Agnes Monica - Matahariku (High Quality - Better Audio).flv


 
Contact me



Want to have your own account to share files?  Sign Up
 


Copyright © 2005-2009 4shared.com
 Preview X